Image     Buku Tamu   Humor    Buku Tamu   Site Map

18 Nov 2009

apa daya

simbah wis tau ngrasakke koyo aku yo mbah..

ngarepku ki okeh panganan mbah..
ono sego, sate, tonseng, kikil, kangkung, lan liyo-liyane

buah-buahan yo ono mbah..
duren, gedhang, pelem, sawo..

ning ngene mbah..
nek aku arep mangan ki ora kepenak..
soale kiwo tengene ki okeh tai-ne..
podho pating tlecek..

piye yo mbah.. kudu kepiye..??
..
adhuh, gak iso-e mbah..
nek dho di singkerke..
soale iku sebuah sistem komplek
rumit mbah..
okeh sing berkepentingan..
wis membudaya..

nek nabi muhammad kae malah kon hijrah yo mbah..
iyo mbah aku kelingan..

kae lho wit kambil kae nek dinehke neng cedhak jendela
terus manglung metu yo..

kiro-kiro sing digolek-i opo mbah..
menghindari kepengapan .. yo ra mbah..

sak jane aku isih pengin neng kene mbah..
ning kok suwe-suwe dadi pengap yo mbah
mambu tai sing neng kiwo tengen..

nek neng nggone simbah tentrem yo mbah..
okeh persoalan ra..??
o, ngono yo..

aku melu ndonga yo mbah
mugo-mugo simbah entuk panggonan sing apik
neng ngarsane sing Maha Kuasa..
mbah, mugo putumu tansah oleh pangapurane gusti Allah
menjalani taubat iki..
tansah oleh pangayomane sing Maha Kuasa..

tambah cedhak karo Gusti Allah
tambah le ngibadahe..
di tetapke iman, islam, lan iksan yo mbah
nggo sak anak putune

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Tinggalkan Komentar :